Selasa, 16 November 2010

100 ramalan jaya baya

Brikut daftar ramalan jayabaya yg di dapet lewat wiki : 
1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.

2. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi. 

3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa. 

4. Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air. 

5. Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara. 

6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat. 

7. Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut. 

8. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak. 

9. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal. 

10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki. 

11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik 

12. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati. 

13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri. 

* Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan. 

14. Ora ngendahake hukum Allah--- Tak peduli akan hukum Allah. 

15. Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung. 

16. Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci. 

17. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang. 

18. Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan. 

19. Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan. 

20. Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara. 

21. Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak. 

22. Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu. 

23. Nantang bapa--- Menantang ayah. 

24. Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat. 

25. Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga. 

26. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan. 

27. Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul. 

28. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil 

29. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil 

30. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil 

31. Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih. 

32. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu. 

33. Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu. 

34. Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja. 

35. Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah. 

36. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka. 

37. Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu. 

38. Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria. 

39. Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong). 

40. Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat. 

41. Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan 

42. Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji. 

43. Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu. 

44. Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang perwira/kejantanan 

45. Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri. 

46. Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami. 

47. Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak. 

48. Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri. 

49. Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang tukar istri/suami. 

50. Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda. 

51. Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu. 

52. Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen). 

53. Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis. 

54. Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang. 

55. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu. 

56. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri. 

57. Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga. 

58. Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka. 

59. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat. 

60. Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim. 

61. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua. 

62. Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi. 

63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya. 

64. Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang. 

65. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang. 

66. Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi. 

67. Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja. 

68. Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana. 

69. Akeh laknat--- Banyak kutukan 

70. Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat. 

71. Anak mangan bapak---Anak makan bapak. 

72. Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara. 

73. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan. 

74. Guru disatru---Guru dimusuhi. 

75. Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga. 

76. Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi. 

77. Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban. 

78. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan. 

79. Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang. 

80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara. 

81. Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara. 

82. Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia. 

83. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau. 

84. Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar. 

85. Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat. 

86. Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna. 

87. Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat. 

88. Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu. 

89. Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara. 

90. Sing curang garang--- Yang curang berkuasa. 

91. Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara. 

92. Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam. 

93. Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela. 

94. Akeh barang haram---Banyak barang haram. 

95. Akeh anak haram---Banyak anak haram. 

96. Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki. 

97. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri. 

98. Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang. 

99. Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang. 

100. Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.




copy- terselubung.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Hamster